Pancaran Air Hidup
Sabtu, 13 Juni 2026
Waosan: Jabur 100 : 1 – 5 | Pamuji: KPJ. 176
Nats: “Amarga Pangeran Yehuwah iku becik, sih-kasetyane iku kanggo ing salawase, lan kasetyane lestari turun-tumurun.” (Ayat 5)
Saben tiyang nglampahi gesang mesthi manggihi padhang lan peteng. Nalika gesangipun lumampah kanthi mantep lan kebak kabegjan, tembung “Puji Gusti” kadosipun medal kanthi entheng saking lathi. Nanging nalika gesang nandhang kasrakat, sakit, lan kecalan, panuwun punika asring gingsir saking pangraos kita. Ing wekdal ingkang kados makaten, waosan kita dinten punika paring pepadhang kangge kita. Juru serat Jabur ngajar dhateng kita bilih panuwun sejati punika mboten gumantung saking kahanan, nanging saking manah ingkang mangertos lan pitados bilih Gusti tansah makarya ing salebeting gesang kita. Pamuji lan panuwun punika wujuding iman ingkang nyawiji kaliyan Panjenenganipun.
Juru serat Jabur nyuwun supados saben makhluk ing ngandhaping langit sami atur pamuji dhumateng Gusti. Punika dados pratandha bilih kamulyanipun Gusti sumebar. Pamuji punika kagunganipun saben titah awit sadaya titah dipun titahaken kagem memuji lan ngluhuraken Gusti. Juru serat Jabur ugi ngandharaken tembung, “Gusti piyambak ingkang nitahaken kita, lan kita punika kagungane.” Pratelan punika prasaja nanging maknanipun lebet sanget. Nalika donya ngukur ajining dhiri saking pangkat, kamulyan, lan bandha, Juru serat Jabur ngengetaken bilih jati dhirining manungsa punika kapanggihaken nalika mangertosi piyambakipun punika kagunganipun Gusti. Pangertosan punika ndadosaken tentreming manah awit manungsa mboten rumaos piyambakan. Ing pangayomaning Gusti, gesang punika mboten namung ngliwati wektu kemawon nanging ugi nggayuh makna, awit saben lelampahan gesang punika nggadhah tujuan ilahi.
Nalika juru serat Jabur nyuwun supados kita mlebet ing pangayomaning Gusti kanthi panuwun, punika mboten namung ing ritual pangabekti kemawon, nanging ugi ing laku gesang kita saben dinten. Panuwun sejati punika mboten namung lumantar pangucap nanging ugi tumindak nyata, mboten namung pangraos nanging pangabdian. Kita ingkang kebak saos sokur mesthi badhe paring katresnan lan purun ngladosi sesami, awit katresnan kita dhumateng Gusti kawujud nalika kita nresnani sesami. Mangga saben panuwun kita dados lampahing kabecikan lan saben lampahing kabecikan kita dados paseksi katresnanipun Gusti ingkang langgeng. Mangga kita sami nyariyosaken bab Gusti ingkang asih, setya, lan pantes dipun puja-puji ing salaminipun. Amin. [KYP].
“Panuwun sejati ora mung metu saka lathi, nanging saking manah ingkang nyumurupi katresnane Gusti.”
† Tuhan Memberkati †